Rabu, 25 Januari 2012
Abimanyu Kerem
Wonten satunggaling Ratu saking negari Parang Teja, ajejuluk Prabi Kombang Manyura. Rikala samanten, Sang Prabu saweg kesengsem dhumateng Dewi Banowati, garwa prameswari Prabu Suyudana wonten ing negari Ngastina. Awit sanget anggenipun kederenging manah, pramila Sang Prabu ngersakaken mbidhalaken sedaya wadya bala negari Parang Teja, ingkang tinindhihan dening patih Badrahimawan saha patih Kandhiyaksa. Ancasipun badhe ngrebat Dewi Banowati sarana paprangan. Negari Ngastina sampun kinepung wadya bala saking negari Parang Teja. Negari Ngastina pungkasanipun saged karebat. Enggaling cariyos, Patih Badrahimawan dipundadosaken Nata ing negari Ngastina. Dewi Banowati lajeng dipunboyong dhateng negari Parang Teja.
Kocap kacariyos, wonten sinatriya asama Bambang Pratiwanggana nembe lumampah wonten margi. Piyambakipun dipuderekaken para punakawan. Ancasipun sang sinatriya saweg ngupadi sudarmanipun, asma Prabu Bathara Kresna. Sasampunipun nyuwun pamit lan idi pangestu dhumateng kang ibu, inggih menika Bethara Pertiwi, sigra bidhal Sang Raja Sinatriya dhateng negari Dwarawati. Laju tindakipun Bambang Pratiwanggana.
Nunggal dinten benten panggena, kocapa Raden Gathutkaca ingkang saweg nandhang gerah, kapeksa ninggal praja awit tinangisan dening kadangipun mudha, inggih Raden Abimanyu.
Kala samanten Raden Abimanyu utawi Raden Angkawijaya, taksih alit, nedheng-nedhengipun cumlewo. Raden Abimanyu sanget anggenipun kapang kangen dhumateng rama kalawan ibunipun, ingkang nembe murca/kesah tanpa cecala.
Sampun sawatawis wekdal gerahipun Raden Gathutkaca, kejawi menika panjenenganipun boten saged ngambah dirgantara, amargi pusaka kotang ontrokusuma kagunganipun, oncat saking angga. Pusaka menika ingkang njalari Raden Gathutkaca saged miber tanpa elar. Awit saking menika, kanthi ngrekaos, Raden Gathutkaca nyobi ngupadi kang paman lan bibi. Ngantos satunggaling wekdal, Raden Abimanyu wiwit muwun, kanthi melas asih. Wusana piyambakipun lajeng dipunbopong dening Raden Gathutkaca. Raden Gathutkaca pancen sanget tresnanipun dhumateng ingkang rayi, Raden Abimanyu. Nalika Raden Gathutkaca nyobi lumampah saperlu nyabrang bengawan Jamuna, awit saking santer lan benaning bengawan wau, satriya kekalih lajeng kasentor ilining toya. Risang Gathutkaca kapeksa ambruk, dhawah kantaka. Sang Abimanyu mrucut saking gendhongan, wusana kentir katut ilining toya. Nalika sampun eling purwaduksina, bingung pepuyengan Risang Gathutkaca. Gereng-gereng anenangis, sanget anggernipun keranta-ranta, mila sesambat dhateng Hyang Manon.
Kacariyos, Raden Bambang Pratiwanggana dalah para punakawan ingkang nembe bidhal ngupados kanjeng ramanipun, kaleres lumampah wonten tepining bengawan. Sang andon mlampah kalajeng nyumurupi satriya kekaleh kang lagya nandhang cintraka. Satriya wau sigra tinulung. Sang Abimanyu ingkang nembe klelep, kintir ing benawi, saged jumedhul wonten ing sainggiling toa lan sampun dados kunarpa. Kadangipun wredha, inggih Sang Gathutkaca, nadyan taksih yuwana, nanging sampun tanpa daya. Satriya kekealih sigra kaentas lan kaupakara dening Raden Pratiwanggana. Satriya kekalih lajeng ingusapan tirta usada, paringanipun kang ibu athari Pertiwi, setemah saged pulih waluya sejati.
Kocap Sang Abimanyu nalika nyumurupi para punakawan, lajeng gumujeng renyah. Para punakawan wau pancen pamomongipun wiwit alit mula. Kala semanten Raden Gathutkaca ugi saged pulih kasarasanipun, nanging taksih dereng saged ngambah jumantara. Sesampunipn pitepangan, satiya ketiga ingkang pancen taksih kadang, sarembang bidhal dhateng negari Parangteja.
Ing satunggaling dinten Prabu Kombangmanyura kaleres nampi sowanipun Senopati Ontrabajra, saperlu matur anggenipun kasil ndhusta Sang Ayu Banowati. Gumbira Sang Nata, ewa samanten kalajeng kepireng wonten swara panantang. Wonten paseban njawi ketingal Satriya tetiga suka panantang dhumateng Sang Nata, Gegancangan Sang Nata dalah para andhahanipun medal, saperlu ngadhepi ingkang sami nantang. Rikala samanten, sareng sumerep Sang Abimanyu ingkang mothah tetangisan, eloking cariyos Sang Nata ical murkanipun. Boten antawis dangu, Sang Nata lukar busana, badhar dados satriya Madukara Raden Janaka. Sigra gapyuk angrangkul, Sang raja sinatriya enggal mondhong lan ngarasi Abimanyu, putranipun. Sang Abimanyu sirep anggenipun nangis. Kocap, Sang senopati Ontrabajra arsa angrebat mungsuhipun, sigra linawan dening Raden Gathutkaca. Saking dayanipun kasektene Raden Gathutkaca, Risang Senapati Ontrabajra sirna, badhar dados pusaka kotang ontrakusuma. Pusaka wau lajeng dipunagem Raden Gathutkaca.
Ringkesing cariyos, Raden Bambang Pratiwanggana dalah Raden Arjuna ngemban dhawuhipun sinuwun Prabu Dwarawati, madhangaken pepeteng wonten ing Ngastina. Sedaya nuli bidhal dhateng negari Ngastina. Kocapa Nata ing negari Ngastina Prabu Badrahimawan saha Kandhiyaksa, sareng mulat sang Arjuna mondhong Raden Abimanyu ingkang taksih cumlewo lucu, boten kiyat ngampet raosing manah. Sang Prabu gya santun salira, badhar dados kusumaning ayu Dewi Warasembadra saha Dewi Wara Srikandhi. Sedaya sami ngempal ing kraton Ngastina, andon suka parisuka. Raden Bambang Pratiwanggana piyambak lajeng dipunaken putra Nata Prabu Bathara Kresna.
Langganan:
Postingan (Atom)